Senin, 10 Februari 2020

Rangkuman Materi Bahasa Jawa

Senin,10 Februari 2020

Pengertian Pawarta 




pengertian-pawarta-dalam-bahasa-jawa

Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. 

Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawasesorah jawakumpulan cerita bahasa jawacerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta

Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
 ~Apa   = Kedadean apa sing bakal 
                    dicawesake
~Sapa   = Sapa sing ngalami kedadean 
                     kasebut
~Kapan   = Kapan kedadean kasebut dumadi.
~Kepriye  = Kepriye kedadean kui bisa 
                     dumadi
~Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui 
                      dumadi
~Kena apa= Merga apa kedadean kasebut    
                       dumati

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku 
1.aktual, 
2.faktual utawa nyata,
3. cekak aos, 
4.narik kawigaten utawa menarik kanggo       dingerteni, unik, uga jangkep.
Sumber:https://pawartabahasajawa.blogspot.com/2015/08/pengertian-pawarta-dalam-bahasa-jawa.html?m=1




Tata Cara Adat Manten Jawa


  Upacara Penganten Adat Jawa
       Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang duwe urut-urutaning upacara lan tata cara kang wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pertemuan antarane penganten putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan di lambangake dadi pasangan raja lan ratu.
       Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten putri, kang dadi penyelenggaraan utawa tuwan omah yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri. Nanging, tetep dibiyantu kulawarga penganten kakung. Rangkeyan upacara pengantenan adat jawa iku seje – seje miturut dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial kaluwargane.
Rerangkening upacara pengantenan nglimput 16 Upacara, Yaiku :
1.         LAMARAN
Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.
2.         SIRAMAN 
              
Acara Siraman yaiku upacara kang sejtine dadi pralambang kanggo ngresekake jiwane calon penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing omah masing – masing calon manten.
3.         MIDODARENI
Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodara utawa Bidadari ing basa Indonesia. Oleh menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widodari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.
4.         SRAH – SRAHAN 
Srah-srahan iku diarani  uga “asok tukon” yaiku pehak kakung nyerahkake ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.
5.         IJAB KABUL
Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.
6.         UPACARA PANGGIH
Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune penganten putri lan penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.
7.         UPACARA BALANG SURUH
Upacara balang suruh yaiuku upacara kang dadi pralambangan sih katresanan lan kasetiaan ing antarane penganten kakung lan putri.
8.         UPACARA WIJI DADI
Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga.
9.         PUPUK 

Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung lan menehi ngombe minangka tandha eklas nampa dadi bageane kulawarga.
10.     SINDURAN
Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.
11.     TIMBANG
Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune saha besan.
12.     KACAR-KUCUR
Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.
13.     DHAHAR KLIMAH
Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bisa urip seneng lan susah kanthi bebarengan.
14.     SUNGKEMAN
Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
15.     MERTUI
Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
16.     KENDUREN/RESEPSI
Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna upacara slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun diselenggarakake, lan biyasane ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing hadir ing acara pengantenan. 

Sumber;http://lilis-mardiana.blogspot.com/2017/12/tata-cara-adat-jawa-manten-dalam-bahasa.html?m=1




MATERI SESORAH BASA 


.      Pengertene sesorah
Sesorah yaiku jlentrehna gagasan / ide pokok ing sangarepe wong akeh.
2.      Tujuane sesorah
a.       Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.
b.      Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.
c.       Aweh panglipur.
d.      Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara.
3.      Metode sesorah 
a.       Metode naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
b.      Metode apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake.
c.       Metode dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah ndisik.
d.      Metode ekstemporan, yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
4.      Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik :
a.       Basa
b.      Busan
c.       Wiramaning swara
d.      Solah bawa / sikap
5.      Unsure-unsur sesorah
Unsure kang ana ing sesorah yaiku 5W + 1H.
6.      Perangan sesorah
a.       Salam pambuka
b.      Pambuka (purwaka basa)
-          Atur pakurmatan
-          Atur puja-puji
-          Atur panuwun
c.       Isi (surasa basa)
d.      Panutup (wacana basa)
-          Pangarep-arep
-          Ngaturake luput

e.       Salam panutup                          


 Sumber : http://irwantoadi926.blogspot.co.id/2016/01/materi-sesorah-bahasa-jawa.html





GEGURITAN 

Geguritan (Dalam Bahasa Jawa)

A. Pengertian Geguritan

Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.

Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.

B. Ciri - ciri geguritan

Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
  1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
  2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
  3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes
  4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan

C. Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
  1. Tema
  2. Bahasa kang endah
  3. Judul Geguritan
  4. Diksi
  5. Citra
  6. Purwakanthi
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

D. Jenis - jenising Geguritan

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
  1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
  2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
  3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

E. Syarat syarat maca Geguritan

Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
  1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
  2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
  3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
  4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan


Sumber: tedobagibagiilmu.blogspot.com




Pakaian Adat Jawa Tengah


  Busana Tradisional Jawa Tengah, Kaya sing dingerteni, negara Indonesia minangka negara kepulauan sing dumadi saka sawetara pulo.  Saben pulau uga duwe macem-macem karakteristik saka adat lan budaya, kalebu pulo Jawa.  Jawa dhewe minangka salah sawijining pulo ing Indonesia sing nduwe pedunung paling padhet.

 Ing pulo Jawa, ana siji wilayah sing isih tetep mertahanake nilai-nilai budaya lan budaya lokal, wilayah kasebut yaiku Jawa Tengah.  Jawa Tengah minangka salah sawijining daerah ing pulo Jawa sing ana ing sisih tengen Daerah Istimewa Yogyakarta ing sisih kulon lan Jawa Wétan.

 Budaya sing ditemokake ing wilayah Jawa Tengah ora beda karo sing ditemokake ing wilayah liyane, sing kasusun saka sawetara unsur persiapan, yaiku salah sijine busana tradisional.  Mungkin kaya sampeyan wis ngerti sanajan sampeyan wis nganggo Sandhangan Tradisional Jawa Tengah, nanging umume wong ora ngerti apa jenenge Sandhangan Tradisional Jawa Tengah sing asring digunakake dening masarakat lokal.  Pramila, ing ngisor iki bakal nerangake babagan apa gaya tradisional saka Jawa Tengah.

 Gaun tradisional Jawa Tengah:
 Isi Isi
 Gaun tradisional Jawa Tengah:
 Jangkep Jawi
 Kebaya
 Batik
 Kanigaran
 Surjan lan Beskap.
 Basahan

 Makna lan filsafat.

 Bentenipun antawisipun Busana Tradisional Solo lan Jawa Tengah

 Jangkep Jawi.
 Kebaya.
 Batik.
 Kanigaran.
 Surjan lan Beskap.
 Basahan.
 Jangkep Jawi.



 Sadurunge ngrembug babagan sandhangan tradisional sing adoh banget, mesthi diskusi ora mung ngrembug wong siji, mung pria utawa wanita mung.  Nanging kudu dibahas kanthi wutuh.  Sampeyan kudu ngerti manawa Pria lan Wanita Tradhisional Jawa Tengah duwe jeneng lan motif liyane.  Jangkep Jawi minangka salah sawijining busana khusus kangge pria.  Gaun iki minangka busana resmi saka Jawa Tengah.

 Jangkep Jawi dumadi saka pimpinan nganggo klambi beskap sing biasane nduweni motif kembang, dene bawahane tela jarik sing dibungkus nganggo sabuk.  Kajaba iku, kanggo nambah kesan sing nggumunake lan apik, perlu kanggo nambah aksesoris pelengkap, kayata kris, alas kaki, blangkon kanggo tutup sirah lan kembang melati dibungkus gulu.

 Kebaya.

 

 Sabanjure yaiku sandhangan tradisional sing digunakake dening wanita.  Sawetara sampeyan bisa uga kenal karo jeneng sandhangan iki amarga meh kabeh wilayah ing Jawa kanggo sandhangan tradisional wanita duwe jeneng sing padha.  Kita njupuk conto salah sawijining Sandhangan Tradisional Jawa Kulon kanggo wanita, uga diarani kebaya, sanajan kalorone duwe motif lan maneka warna.  Umumé, kebaya digawe saka beludru, sutera brocade, katun lan nilon sing duwe warna sing cerah.

 Kebaya dhewe kasusun saka atasan kanthi kebaya, kemben, tapinjung kain lan stagen.  Dene kanggo pérangan ngisor padha karo jawi jangkep ing bentuk kain jarik.  Ing endhas ana bun sing dihiasi jasmine ing sisih ndhuwur.  Sabanjure kanggo nambah kesan kaendahan ditambahake sawetara aksesoris kayata cincin, kalung, gelang, eardrops lan penggemar.  Sampeyan kudu ngerti manawa nggunakake sandhangan kasebut kudu diatur kanthi cara sing wis diatur miturut status sosial wong kasebut.

 Batik



 Apa dadi fashion wajib saka jaman saiki nganti saiki.  Dadi ora salah yen bathik luwih populer dibandhingake karo sandhangan tradisional liyane.  saliyane nggoleki uga gampang banget amarga saiki bathik bisa ditemokake ing ngendi wae lan kapan wae.

 Kanigaran



 Kanigara minangka salah sawijining busana tradisional sing dituju kanggo bangsawan.  Sandhangan iki paling asring dipilih dening calon panganten wanita amarga klambi iki nduweni nilai lan makna sing dhuwur lan kandel.

 Surjan lan Beskap.

 

 Apa jinis busana tradisional sing digunakake dening priya.  Perlu ditemokake yen ing wilayah surjan Yogyakarta digunakake minangka sandhangan kanggo sawetara karyawan ing perusahaan utawa institusi.

 Basahan

 Mungkin istilah siji iki isih dadi asing kanggo kuping sampeyan.  Sandhangan iki digunakake dening wanita ing Pernikahan.

 Uga maca: Klambi tradisional Jawa Timur

 Makna lan filsafat.

 Wilayah duwe crita sing mesthi ora padha karo wilayah liyane.  Beda karo sandhangan tradisional, saben wilayah duwe model lan gaya sing beda biasane karo sejarah wilayah kasebut.  Makna sandhangan Orang Asli ing Jawa Tengah, yaiku sandhangan kebaya, nduweni teges lan filsafat dhewe-dhewe.  Falsafah kebaya miturut masarakat Jawa Tengah, sing nduwe arti simbol kanggo taat, subtilitas lan tingkah laku sing mesthi diterusake karo sikap lanang sing lembut.

 Lajeng kenging kebaya dipakai kanthi sega dibungkus.  Uga duwe makna manawa wanita sing nganggo kain bengkong bakal angel kanggo mindhah kanthi cepet, ora kanthi tujuan kanggo mbatesi gerakan wanita.  Nanging iki minangka simbol yen wanita kudu diatur lan identik karo wong lanang sing lembut.

 Bentenipun antawisipun Busana Tradisional Solo lan Jawa Tengah



 Banjur, apa sandhangan tradisional Jawa Tengah karo klambi ing Jawa Tengah?  Umumé, sandhangan sing dipakai ing Jawa Tengah lan Solo duwe model lan gaya sing padha.  Nanging apa sing mbedakake loro yaiku saka materi sing digunakake.  Kaya sing dingerteni ing Jawa Tengah, utamane Solo duwe budaya kanggo nemtokake sandhangan sing bakal digunakake dening wong liya.

 Penetapan panggunaan sandhangan iki bisa dideleng saka status sosial wong.  Apa kalebu ing bangsawan, kelas tengah utawa umume.  Biyen, aja mikir negoro kaya ngono.  Sing tepat iki masarakat yaiku wong sing ajeni nilai-nilai budaya lan budaya nanging dihargai sandhangan sing nduweni modhél utawa wujud sing sederhana.

 Kajaba iku, kanggo luwih ngenalake apa klambi tradisional ing pulo Jawa.  Ing ngisor iki bakal nuduhake sawetara Jeneng Pakaian Tradisional Jawa sing kudu sampeyan sinaoni.

 Sandhangan Mantenan saka Jawa Timur.
 Minangka jeneng kasebut, Busana jinis iki asring digunakake kanggo manten ing Jawa Timur.

 Sandhangan Cak lan Ning ing Jawa Timur.
 Apa sampeyan ndeleng kontes Cak lan Ning ing Surabaya?  Yen biyen sampeyan tau ndeleng sandhangan sing digunakake para finalis Cak lan Ning.  Sampeyan kudu ngerti manawa sandhangane yaiku Cak lan Ning sandhangan saka Jawa Timur.

 Sandhangan Jawi Jangkep lan Kebaya saka Jawa Tengah
 Jawi Jangkep yaiku busana resmi sing dikandhangi dening wong lanang, dene kebaya busana resmi dipakai wanita.  Sandhangan iki asring dienggo acara resmi ing wilayah Jawa Tengah.

 Sandhangan panganten tradisional Jawa Tengah.

 Busana Tradisional kanggo Nobel saka Jawa Kulon.

 Sandhangan tradisional kanggo wong-wong umur pertengahan saka Jawa Kulon.

 Sandhangan tradisional kanggo wong biasa saka Jawa Kulon

 Uga maca: Gaun Tradhisional Jawa Kulon

 Kuwi dudu katrangan lan panjelasan babagan adat lan budaya, utamane sing ana hubungane karo sandhangan tradisional ing Jawa Tengah.  Muga-muga informasi iki bisa mangsuli kebingungan sampeyan babagan wujud sandhangan tradisional lan makna lan filsafat sandhangan tradisional ing Jawa Tengah.


 Sumber: https://perpustakaan.id